Ringkesan Nantang Kamurkan
Prasasti Palah sing digawe jaman Kediri nalika diprentah dening Prabu Dhandhanggendhis isih durung owah papane. Prasasti Palah nyebutake manawa ing papan dununge prasasti kuwi papan kanggo memuja marang Bathara ri Palah. Mulane katelah papan sing kudune suci, ewa semana Prabu Dhandhanggendhis luwih percaya marang para brandhal, kecu, utawa garong, tinimbang para Biksu utawa Resi. Kahanan gawe para brandhal luwih kuwasa lan bisa tumindak sageleme dhewe. Ing saben papan madeg brandhal sing tansah gawe ontran - ontran. Negara dadi orang tata, wong cilik padha wedi katindhes kawengisane para brandhal.
Dening: Harwimuka
Komentar
Posting Komentar